Pratanda adalah Pertanda dan Ngalamat adalah tujuan. "Ngalamat Pratanda" adalah Tujuan dari sebuah Tanda atau Pertanda, yang bisa dikatakan Apa arti atau manakna dari sebuah tanda. Ahal apapun bisa di jadikan sebuat tanda apa bila hal tersebut terjadi atau berprilaku yang tidak semestinya.
Pertanda Binatang, adalah kelakuan dari beberapa janis binatang dimana kelakuan itu tidak sewajarnya atau tidak biasanya atau adanya hewan/binatang yang tidak sewajarnya, begitu juga dengan pertanda Alam, situasi suasana alam yang tidak seperti biasanya akan sama juga dengan pertanda dari bagian-bagian tubuh kita.
Semua hal yang tidak sewajarnya atau seperti biasanya pasti ada arti dan maknanya. Hanya saja kita yang kurang peka terhadap pertanda-pertanda itu.
" Ngalamating Pratanda " saya ambil dari Kitab Primbon Betaljemur Adamakna Jilid I , Tulisan dan bahasa saya tulis dalam bahasa Jawa seperti pada bangga jadi ya Mohon Maaf untuk yang tidak bisa bahasa jawa, walaupun saya orang jawa sendiri tidak semua bahasa jawa dalam kitab primbon tersebut , termasuk saya hihihi, karena bahasa jawa yang tertulis banyak menggunakan bahasa jawa versi dulu.
Mungkin dalam hati kita bicara " Hari gini loh, masih percaya Primbon , Sekarang Zaman Now bukan di Zaman Batu kale..., Zamannya udah modern, Digital, Android, Smartphone Gitu loh ...!!"
Primbon tidak membicarakan Zaman, Tapi membicarakan Alam, Primbon tidak di tulis berdasarkan Zaman tapi berdasarkan Alam, Zaman dan peradaban boleh berubah Tapi Alam tidak berubah karena pengaruh kemajuan Zaman, Tapi manusia Manusia yang sudah berubah bukan Alam, Manusia yang mulai kehilangan kepekaan terhadap alam karena kemanjaan teknolgi dan kemalasannya.
Ok Berikut sekelumit kutipan, pertanda-pertanda yang tertulis di Primbon, mari kita simak berikut di bawah :
Ngalamaté Kedut
001
|
Saranduning awak kabeh : Arep deleng keanéhan. |
051
|
Kekempong kiwa : Arep duwé anak. |
002
|
Sirahé : Arep oléh adulate ratu. |
052
|
Kekempong Kiwa : Atiné Arep lara. |
003
|
Embun-embunan : Arep dadi mantra. |
053
|
Tangan kiwa utawa tengen : Arep oléh arta. |
004
|
Bathuk tengen : Arep oléh arta. |
054
|
Epék-épék tengen : Arep oléh arta. |
005
|
Bathuk kiwa : Arep nemu suka. |
055
|
Epék-épék kiwa : Arep oléh babathén saka dol tinuku. |
006
|
Alis tengen : Arep oléh arta. |
056
|
Lengen tengen : Arep oléh rejeki. |
007
|
Alis kiwa : Arep ketemu kekasihé. |
057
|
Lengen kiwa : Arep oléh arta. |
008
|
Tlapukan mripat tengen dhuwur : Arep oléh arta. |
058
|
Sikut tengen : Atiné nemu ora kepénak. |
009
|
Tlapukan mripat tengen ngisor : Arep nemu kasusahan. |
059
|
Sikut kiwa : Arep oléh duduka. |
010
|
Tlapukan mripat kiwa dhuwur : Arep oléh kabecikan. |
060
|
Driji manis tengen : Arep oléh arta. |
011
|
Tlapukan mripat kiwa ngisor : Arep nangis. |
061
|
Driji manis kiwa : Arep oléh wanita. |
012
|
Tadhahluh tengen : Arep nangis. |
062
|
Jenthik tengen : Arep dipupu wong. |
013
|
Tadhahluh kiwa : Luwar saka prihatin. |
063
|
Jenthik kiwa : Karep tinampan dining wong. |
014
|
Papadoning mripat tengen : Arep ningali kekasihé. |
064
|
Sela-selaning driji tengen : Arep oleh seneng. |
015
|
Papadoning mripat kiwa : Luwar saka prihatin. |
065
|
Sela-selaning driji kiwa : Arep kinasihan wong gedhé. |
016
|
Wrejilané mripat tengen : Arep nangisi wong mati. |
066
|
Jempol tengen : Arep oléh bojo becik. |
017
|
Wrejilané mripat kiwa : Arep ningali wong saka désa. |
067
|
Jempol kiwa : Arep oléh jodho. |
018
|
Pipi tengen : Arep dipanggawé wong. |
068
|
Panudhing kiwa : Arep kekawatiran. |
019
|
Pipi kiwa : Arep kelaran. |
069
|
Panudhing tengen : Arep oléh pagawéyan. |
020
|
Irung sisi tengen : Arep oléh arta khalal. |
070
|
Panunggul tengen : Arep lara. |
021
|
Irung sisi kiwa : Arep ketemu kekasihé. |
071
|
Panunggul kiwa : Arep susah. |
022
|
Lambé tengen dhuwur : Arep oléh srama (pangan). |
072
|
Lambung tengen : Arep nemu susah. |
023
|
Lambé tengen ngisor : Arep kepénak awake. |
073
|
Lambung kiwa : Arep muring-muring. |
024
|
Lambé kiwa dhuwur : Arep rerasan karo sanaké. |
074
|
Bangkékan tengen : Arep oléh kabecikan. |
025
|
Lambé kiwa ngisor : Arep oleh pagawéan becik. |
075
|
Bangkékan kiwa : Arep dhuweni asih marang wong liya. |
026
|
Tengah lambé dhuwur : Arep tukaran. |
076
|
Purus tengen : Arep jimak. |
027
|
Tengah lambé ngisor : Arep mangan énak . |
077
|
Purus kiwa : Arep dadi pangulu. |
028
|
Kuping tengen : Arep ketemu sanaké. |
078
|
Bokong tengen : Arep ana wong kang teka. |
029
|
Kuping kiwa : Arep nemu ujar becik. |
079
|
Bokong kiwa : Sihing Allah arep teka. |
030
|
Janggut tengen : Arep dimumulé wong agung. |
080
|
Yékang keduten wanita, bokongé : wanita kuwi mau arep oléh guru laki (bojo). |
031
|
Janggut kiwa : Arep ketemu wong agung, diparingi pagawéan. |
081
|
Pupu tengen : Arep lumaku utawa tetemon karo wong wadon. |
032
|
Gulu tengen : Arep lara épéh. |
082
|
Pupu kiwa : Arep ana wong anggawa arta. Yén lara ana wong anggawa tetamba. |
033
|
Gulu kiwa : Arep lara nanging gelis waras. |
083
|
Cicingklok tengen : Arep dimumulé wong. |
034
|
Pundhak tengen : Krabaté nemu lara. |
084
|
Cicingklok kiwa : Arep oléh arta. |
035
|
Pundhak kiwa : Arep dimumulé wong agung. |
085
|
Wntis tengen : Arep tukaran. |
036
|
Pundhak kiwa tengen : Arep lara. |
086
|
Wntis kiwa : Arep ketemu sanaké. |
037
|
Bau tengen : Arep tukaran. |
087
|
Gares tengen : Arep lelungan. |
038
|
Bau kiwa : Arep Lara. |
088
|
Gares kiwa : Arep diundang wong. |
039
|
Geger tengen : Ana wong teka utang dhuwit. |
089
|
Dlamakan tengen : Arep nemu serik. |
040
|
Ula-ula : Arep lara utawa susah. |
090
|
Dlamakan kiwa : Arep lelungan adoh. |
041
|
Geger kiwa : Arep nemu kabegjan. |
091
|
Sela-selaning driji sikil tengen : Arep oléh gawé. |
042
|
Dhadha tengen : Arep ketemu kekasihé. |
092
|
Sela-selaning driji sikil kiwa : Arep oléh jodho. |
043
|
Dhadha kiwa : Arep weruh wanita kang ayu banget. |
093
|
Sikilé kiwa utawa tengan : Arep oléh arta utawa karawuhan priyayi. |
044
|
Dhadha ing tengah : Arep oléh kabegjan. |
094
|
Wawadiné : Duwé karep ora bisa kawétu. |
045
|
Susu tengen : Arep Oléh kabegjan. |
095
|
Jubur : Arep nemu lara. |
046
|
Susu kiwa : Arep katekan mantri. |
096
|
Gorokan tengen : Arep nemu bebaya. |
047
|
Weteng tengen : Arep oléh rejeki akéh. |
097
|
Gorokan kiwa : Arep nemu kasusahan gedhé. |
048
|
Weteng kiwa : Arep oleh arta akéh. |
098
|
Githok tengen : Arep nemu untung. |
049
|
Puser (wudel) : Arep oléh kanugrahan saka Allah. |
099
|
Githok kiwa : Arep awéwéh. |
050
|
Kekempong tengen : Arep oléh wanita |
100
|
Pegelangan tangan kiwa : Arep kinasihan wong agung. |
101
|
Pagelangan tangan tengen : Arep oleh Wahyu becik. |
Ngalamaté Awak Kang Ora Sak Mestiné
I. | Ngalamaté waing kang ora samestiné. | |
---|---|---|
WAYAH |
AWAN
|
BENGI
|
07 - 08 | Arep mangan énak utawa lulungan | Di unggah-unggahi wanita |
09 - 10 | Katekan wong becik rembugké | Kalebon maling nagging konangan |
11 - 12 | Kedhayohan ngajak padu | Diunggah-unggahi wanita |
01 - 02 | Nampak kabekjan lan kaundang bojana | Ana wanita teko |
03 - 04 | Diajak padu | Ana dhayoh nggawa pangan |
05 - 06 | Kedhayohan rembukan tanpa paédah | Tampa rijeki akéh |
II. | Ngalamaté klambi tiba saka canthélan. | |
---|---|---|
WAYAH |
AWAN
|
BENGI
|
07 - 08 | Arep kélangan, utawa lara awaké | Dikongkon ngedolaké barang |
09 - 10 | Ana wong sumedya ngarah | Oléh pagawéan saka wong |
11 - 12 | Katerkan sanak nulung kabecikan | Katekan sadulur adoh |
01 - 02 | Yén lulungan bakal padu | Kélangan barang |
03 - 04 | Oléh rijeki akéh | Saduluré kena prakara |
05 - 06 | Kadhayohan arep ngarah barang | Katekan sanak mangan énak |
III. | Ngalamaté ati krasa kéder. | |
---|---|---|
WAYAH |
AWAN
|
BENGI
|
06 - 08 | Ana rembug nyeneng aké | Ana wong tetulung |
08 - 10 | Ana wanita njaluk dipék bojo | Ana ujar ala, aja ditimbangi |
10 - 12 | Di undang ramé-ramé | Anaké wadon di lamar |
12 - 02 | Disenengi wanita | Ana wong wewadon |
02 - 04 | Nemu keuntungan | Di undang mangan arep slametan |
IV. | Ngalamaté rai krasa panas. | |
---|---|---|
WAYAH |
AWAN
|
BENGI
|
07 - 08 | Katekan sanak ngrembuk becik | Ana wong munjung |
09 - 10 | Katekan wong ngajak ala | Munggah drajaté utawa oléh rijeki gedhé |
11 - 12 | Katekan wanita utawa réwangé lunga | Oléh kabegjan lan seneng |
01 - 02 | Ana dhayoh ala sejané | Arep kélangan barang |
03 - 04 | Ana dhayoh sumedya ngapusi | Katekan sadulur rembug becik |
05 - 06 | Sanak teka rembugkan becik | Arep suka-suka, nanging banjur kena prakara |
V. | Ngalamaté ati krasa kumratab (trataban). | |
---|---|---|
WAYAH |
AWAN
|
BENGI
|
06 - 07 | Kumpulan mangan | Oléh kabar becik |
07 - 08 | Arep kesusahan, cilaka | Ketemu mitra adoh |
08 - 09 | Oléh rembug becik | Wong sugih arep tetulung |
09 - 10 | Mitra teka rembug becik | Tampa kabar gawé seneng |
10 - 11 | Sanak teka slamet | Ditacur ala |
11 - 12 | Oléh warta becik | Wang teka nata pagawéan |
12 - 01 | Kumpulan mangan | Arep ana dhayoh |
01 - 02 | Oléh arta, seneng | Arep seneng |
02 - 03 | Dirasani becik | Ana kabar becik |
03 - 04 | Arep tukaran | Arep kacilakan |
04 - 05 | Oléh rembuk becik | Dhayoh teka becik |
05 - 06 | Arep kélangan arta | Arep oléh duwit |
VI. | Ngalamaté lali. | |
---|---|---|
WAYAH |
AWAN
|
BENGI
|
06 - 08 | Arep lara awake utawa kelangan | Arep kena prakara, nanging ora kelangan dhuwit |
08 - 10 | Ing sajroné ngomah kana ana wong wadon kang lunga nanging éling becik | Arep ketemu wong dhuwé pangkat lan oleh dhuwit |
10 - 12 | Arep ana sanak adoh teka mbayar utang utawa oléh kabar babathén | Yén wong lanang sing lali, arep di undang slametan, Yén wong wadon sing lali arep dilamar wong |
12 - 02 | Arep kaget weruh getih utawa geni nanging nemu pracilakan | Arep kelangan lan susah atiné |
02 - 04 | Arep ana sanak teka nggawa barang, yén dituku bakal oleh bathi | Arep ana wong teka sumedya golék mantu, nanging ora kadadéan |
04 - 06 | Arep ana dhayoh teka saka adoh njaluk nginep nanging wong iku ora bener atiné | Arep ketemu kanca lawas, lan di ajak mangan énak |
VII. | Ngalamaté mripat konangan | |
---|---|---|
WAYAH |
KIWA AWAN
|
KIWA BENGI
|
07 - 8 | Kedhayohan adoh | Dhayoh teka seneng |
09 - 10 | Arep seneng, mangan énak | Ana wong gedhé teka |
11 - 12 | Oléh seneng | Oléh pitulungan wong |
01 - 2 | Oléh kauntungan | Arep susah |
03 - 4 | Kedhayohan | Wong adoh teka |
05 - 6 | Oléh kauntungan | Ana dhayoh wong gedhé |
WAYAH |
TENGEN AWAN
|
TENGEN BENGI
|
07 - 08 | Arep dialani wong | Dhayoh teka ngukun becik |
09 - 10 | Waong ala gawé cilaka | Ana papriksan prakara |
11 - 12 | Arep oléh prakara | Diundang slametan |
01 - 02 | Oléh kasenengan | Arep dijaili wong |
03 - 04 | Ana wanita teka | Oleh kesenengan |
05 - 06 | Wong tuwa utawa sadulur arep teka | Oleh rijeki |
VIII. | Ngalamaté kuping krasa panas. | |
---|---|---|
WAYAH |
KIWA AWAN
|
KIWA BENGI
|
7 - 8 | Ana prakara | Arep prakara |
9 - 10 | Ana paékan | Kélangan |
11 - 12 | Dagangané payu | Wong tuwané teka |
1 - 2 | Rembukan Becik | Oleh rijeki akéh |
3 - 4 | Rembukan wigati | Dirasani wanita |
5 - 6 | Diajak mangan énak | Wong tulung becik |
WAYAH |
TENGEN AWAN
|
TENGEN BENGI
|
70 - 08 | Papadon | Dipitnah wong |
09 - 10 | Kélangan | Katekan mantra |
11 - 12 | Oléh rijeki | Nemu mukti |
01 - 0 2 | Kadhayohan | Dirasani wong |
03 - 04 | Katekan wanita | Diundang mangan énak |
05 - 06 | Oléh kauntungan | Katekan sanak |
IX. | Ngalamaté kuping muni nging-nging. | |
---|---|---|
WAYAH |
KIWA AWAN
|
KIWA BENGI
|
07 - 08 | Lumaku adoh | Dikasihi wanita |
08 - 09 | Sadulur teka | Kadhayohan |
09 - 10 | Arep ana bejané | Diundang mangan enak |
10 - 11 | Nemu slamet | Oleh rijeki |
11 - 12 | Sadulur teka | Alangané gedhé |
12 - 01 | Arep lara | Sejané gampang |
01 - 02 | Kelangan sadulur adoh | Ana rembug becik |
02 - 03 | Dhayoh teka | Arep padu |
03 - 04 | Arep lumaku | Ana prakara |
04 - 05 | Sadulur teka | Oléh pagawéan becik |
05 - 06 | Begja gedhé | Dhayoh sanak ana rembug |
06 - 07 |
Kadhayohan |
Nemu slamet |
WAYAH |
TENGEN AWAN
|
TENGEN BENGI
|
07 - 08 | Dirasani wong | Dirasani sanak déwé |
08 - 09 | Lunga adoh | Oléh rijeki |
09 - 10 | Cilaka gedhé | Gedhé begjané |
10 - 11 | Ana pradondi | Slamet |
11 - 12 | Tampa layang | Ana wong dhemen |
12 - 01 | Sadulur adoh teka | Sanak pitutur |
01 - 02 | Mangan enak | Ana papadon slamet |
02 - 03 | Kacilakan | Slamet |
03 - 04 | Sadulur adoh teka | Kélangan arta |
04 - 05 | Arep lelungan | Kélangan |
05 - 06 | Gedhé begjané | Cilaka gedhé |
06 - 07 | Kangelan | Kélangan |
Ngalamaté Alam Kang Ora Sak Mestiné
I. | Ngalamaté téja. |
---|---|
01.
| Yén ana téja notog ing désa : arep suwung désané. Yén ana téja notog ing masjid : arep akéh papati. Yén ana téja batang : yoiku téja kang malang ing dhuwur bener arep ana ratu utawa panggedé séda. |
II. | Ngalamaté lindhu. |
01.
| Sura Awan, akéh lelara lan prihatin. Yén Bengi arep larang pangan. |
02.
| Sapar Awan, akéh wong padha ngalih omah utawa panggonan. Yén Bengi, wong padha kepenak, kéwan ora kurang rarambanan. |
03.
| Mulud Awan, akéh uwong pitenah. Yén Bengi, akéh udan angina. |
04.
| Rabingulakir Awan, akéh wong padha pasulayan lan papati. Yén Bengi akéh prahara, udan angina, wong akéh nikmat. |
05.
| Jumadilawal Awan, wong padésan akéh pasulayan, pitenah lan kadurjanan. Yén Bengi, palagumantung padha katiga dawa, panas banget. |
06.
| Jumadilakir Awan, akéh maksiyat, katiga dawa. Yén Bengi wong padha tentrem atiné. |
07.
| Rejeb Awan, pagblug raja kaya. Yén Bengi ing padésan akéh durjana, banjur padha ngalih panggonan. |
08.
| Ruwah Awan, akéh lelara lan larang pangan. Yén Bengi akéh wong seneng lan murah sandang pangan. |
09.
| Pasa Awan, wong padésan padha tukaran. Yén Bengi wong padhésan akéh padha ngalih panggonan. |
10.
| Sawal Awan, wong padésan padha prihatin. Yén Bengi wong padésan padha tukaran, akéh kang mbangkang préntah. |
11.
| Dulkaidah Awan, akéh supatané wong tuwa, wong agung padha sulaya, wong padésan akéh padha lali maring wong tuwané. Yén Bengi akéh wong mati lan ngalih lelara. |
12.
| Besar Awan, ana pageblug, akéh dukacita. Yén Bengi akéh udan sarta nemu raharja suka slamet sakabéhé. |
III. | Ngalamaté lintang kemukus. |
01.
| Yén lintang kemukus manggon ing : Wétan, ana Ratu prihatin para Bupati sahandhahe padha susah, wong padésan padha karusakan, akéh udan, beras pari murah, mas inten larang. |
02.
| Yén lintang kemukus manggon ing : Kidul wétan, ana Ratu séda, wong padésan akéh naglih panggonan, larang udan, wowohan padha runtuh, akéh pagering (lelara), larang beras pari, murah kebo lan sapi. |
03.
| Yén lintang kemukus manggon ing : Kidul kulon, ana Ratu séda, wong padésan padha oleh kabecikan, wowohan ndadi, murah beras pari, kebo sapi akéh padha mati. |
04.
| Yén lintang kemukus manggon ing : Kulon, ana Ratu jumeneng, wong padésan padha seneng akéh udan, tulus kang sarwa tinandur, murah beras pari. |
05.
| Yén lintang kemukus manggon ing : Lor Kulon, ana Ratu rebutan kagungan, para Bupati sahandhahané padha pancakara, wong oadésan padha prihatin, akéh udan, gludhug, bledhég ngampar-ampar, ana grahana, kebo sapi akéh mati, larang beras pari, mas inten murah. |
06.
| Yén lintang kemukus manggon ing : Lor, ana ratu kéwuhan pamarentahané, para Bupati sahandhahané padha pancakara, akéh papati, wong padésan padha susah, larang udan, larang beras pari, mas lan inten murah. |
07.
| Yén lintang kemukus manggon ing : Lor wétan ana Ratu tininggal ing bala, para Bupati sahandhahané akéh mati perang, padésan karusakan, kawula nandhang prihatin, larang beras pari, kebo sapi murah, wowohan padha ndadi. |
IV. | Ngalamaté Grahana. |
01.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Sura, akéh reratu, wong padha mungkir marang Allah. |
02.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Sapar, akéh angina pancawara, larang udan, larang beras lan pari. |
03.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Mulud, akéh udan angina sindhung riwut, tatanduran akéh rusak ing padésan katranjang pageblug, akéh wong mati. |
04.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Rabingulakir, akeh rurusuhan, wong sugih susah, wong miskin akéh ngalih panggonan. |
05.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Jumadilawal, akéh kilat, tatit liliweran, banjir bandhang, akéh dahuru. |
06.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Jumadilakir, nemy harja, tan ana sakara-kara. |
07.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Rejeb, ana paprangan, akéh durjana, paceklik. |
08.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Ruwah, ratu lan wadyabala sulaya, suda rijekiné. |
09.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Pasa, wong padha bungah-bungah nanging banjur ana pageblug. |
10.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Sawal, akéh barat gedé, panggedhé padha tukaran, akéh lelara lan pepati. |
11.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Dulkaidah, akéh prahara sindhung riwut, akéh pitenah para prajurit padha kerengan lan rowang. |
12.
| Yén ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi : Besar, Allah paring rahmat, murah sandhang lan pangan. |
Ngalamaté Solah tingkahé kéwan
I.
|
Ngalamaté manuk prenjak
|
---|---|
01.
| Yén manuk prenjak sajodho lanang wadon bebarengan muni suwé ora lungo-lungo ana ing kidul omah. Kang duwé omah bakal kadhoyahan priyayi sumedya becik. |
02.
| Yén manuk prenjak muni ing pojok payoning omah, ana lelara teka, wong saomah bakal padha lara, amarga kena sisikuning Allah. Tutulake ora liya padha tobata maring Allah lan anglakoni panggawé becik. |
03.
| Yén manuk prenjak muni ngideri omah nganti temu gelang, kang duwé omah bakal oleh donya akéh kang suci khalal sarta pinaringan kanugrahaning Allah, mumujiya maring Allah kanthi sabar lan tawakal éling lan ngagungna dadana marang wong miskis. |
04.
| Yén manuk prenjak muni ana sawétaning omah, kang duwé omah bakal kadhayohan nanging arep awvh piala, utawa arep kataman lelara. |
05.
| Yén manuk prenjak muni ana sakidulé omah, kang duwé omah bakal kadhayohan perlu wéwéhan rijeki. |
06.
| Yén manuk prenjak muni ana ing sakuloning omah, kang duwé omah bakal kadhayohan sedya gawé piala lan ngajak padu. |
07.
| Yén manuk prenjak muni ana ing sakloring omah, kang duwé omah bakal kadhayohan perlu awéh pitutur becik, utawa kadhayohan guruné. |
08.
| Yén manuk prenjak muni ana ing saknduwuring loténg, bakal kobongan omahé. |
09.
| Yén manuk prenjak nyamber-nyamber ana ing sakiduling omah, kang duwé omah bakal rebut. |
10.
| Yén ana manuk prenjak nyamber-nyamber ana ing sawétaning omah, kang duwv omah bakal kadhayohan pandhita. |
11.
| Yén ana manuk prenjak nyamber-nyamber tekané saka kulon bener, kang duwé omah bakal oléh drajat. |
12.
| Yén ana manuk prenjak nyamber-nyamber tekané saka lor, bakal ana pepati. |
13.
| Yén ana manuk prenjak nyamber-nyamber tekané saka lor wétan, kang duwé omah bakal kadhayohan perlu takon masalah. |
II. | Ngalamaté manuk gagak muni ana ing prakarangan. |
01
| Yén manuk gagak muni ing wayah antarané jam-7 tumekané jam-8 awan, kang duwé prakarangan arep oleh rembug becik saka sadulur adoh. Déné yén ing wayah antarané jam-7 tumekané jam-8 bengi, kang duwé prakarangan arep akéh begjané teka dhéwé. |
02.
| Yén manuk gagak muni ing wayah antarané jam-9 tumekané jam-10 awan, kang duwé prakarangan arep oleh rembug becik saka liyan praja. Déné yén ing wayah antarané jam-9 tumekané jam-10 bengi, kang duwé prakarangan arep dipinang wong. |
03.
| Yén manuk gagak muni ing wayah antarané jam-11 tumekané jam-12 awan, samara bumi njaluk pangan, énggal kukutuga. Déné yén ing wayah antarané jam-11 tumekané jam-12 bengi, kang duwé prakarangan arep kadhayohan sadulur adoh. |
04.
| Yén manuk gagak muni ing wayah antarané jam-1 tumekané jam-2 awan, kang duwé prakarangan arep kélangan. Déné yén ing wayah antarané jam-1 tumekané jam-2 bengi, kang duwé prakarangan arep mundak rijekiné. |
05.
| Yén manuk gagak muni ing wayah antarané jam-3 tumekané jam-4 awan, kang duwé prakarangan arep katekan wong nedya becik. Déné yén ing wayah antarané jam-3 tumekané jam-4 bengi, kang duwé prakarangan arep pepadon lan wong liyané. |
06.
| Yén manuk gagak muni ing wayah antarané jam-5 tumekané jam-6 awan (sore), kang duwé prakarangan arep nemu prakara lan arep ilang barangé. Déné yén ing wayah antarané jam-5 tumekané jam-6 bengi (ésuk), kang duwé prakarangan arep mundak begjané lan mundak rijekiné. |
III. |
Ngalamaté solah tingkahé kucing.
|
01.
| Yén ana kucing mandeng tanpa kedhép marang kang ngingu iku bakal oléh rijeki. |
02.
| Yén ana kucing lungguh tanpo obah ana ngarepé kang ngingu, bakal oléh kanugrahan. |
03.
| Yén ana kucing turu ana ing iket, sreban utawa klambiné kang ngingu, bakal oleh arta hkalal. |
04.
| Yén ana kucing manggon ana ing pojoking omah ora lunga-lunga, bakal nampa kabegjan. Déné yén pojok papat di lenggohi kabéh genti-genti, bakal oleh kanugrahan gedhé. |
05.
| Yén ana kucing tansah gugulungan, bakal ana wong gawé paéka (prakara) marang wong kang ngingu iku. |
06.
| Yén ana kucing saistha, nundhuhaké kukuné marang wong kang ngingu, iku bakal ana durjana ngarah rajadarbéké kang ngingu. |
IV. | Ngalamaté sato saklipat lan seto iwen lumebu prakarangan. |
01.
| Yén ana asu ajag lumebu pakarangan, kang mancala Bathara Darma, bakal reja banget désané. Sidekahé daging kebo lan sapi lan arta sareal. Yén ora sidhekah bakal pageblub lan larangan pangan. |
02.
| Yén ana céléng lumebu ana ing pekarangan, kang mancala Bathara Sadana, Bakal murah beras pari nagarané. Sidekaha klambi wulung, iket putih (lawon) arta saréyal. Yén ora sidhekahi bakal katekan bencana. |
03.
| Yén macan lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Singajalma, bakal katekan mungsuh sidhekaha daging kebo, sapi lan arta. Yén ora sidhekahi bakal susah negarané. |
04.
| Yén kancil lumebu pekarangan, kang mancala iku Bathara Panyarikan, kang duwé omah bakal pinilala wong agung, sidhekaha gedhang byar, gabu, lempeneng, ambon, raja, kluthuk lan arta. Yén ora sidhekahi bakal kasusahan pikiré. |
05.
| Yén kidang lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Panyarikan, kang duwé omah bakal pinilala wong agung, sidhekaha gedhang byar, gabu, lempeneng, ambon, raja, kluthuk lan arta. Yén ora sidhekahi bakal kasusahan pikiré. |
06.
| Yén kethék lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Guru, kang duwé omah bakal oleh drajad, kluhuran. Sidhekaha gedhang byar, gabu, lempeneng, ambon, raja, kluthuk lan arta. |
07.
| Yén lutung lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Narada, kang duwé omah bakal katekan bandha akéh. Sidhekaha sarupaning kembang, pitik klawu lan arta. |
08.
| Yén an aula lumebu ing omah, kang mancala Bathara Basuki, kang duwé omah bakal sinujudan wong akéh lan kajen keringan. Sidhekaha beras lan emping sarta arta. |
09.
| Yén manuk gagak méncok sandhuwuring omah ora muni, kang mancala Bathara Baruna, kang duwé omah apa kabutuhané dicukupi déning wong liya. Sidhekaha daging lan arta. |
10.
| Yén ana manuk jalak méncok ana ing ndhuwur omah, kang mancala Bathara Brama, kang duwé omah bakal dadi mantra. Sidhekaha jarik sakebar lan arta. |
11.
| Yén manuk engkuk méncok ing sandhuwuring omah, kang mancala Bathara Pritanjala, kang duwé omah arep oléh srama (arta). Sidhekaha daging kebo lan arta. |
12.
| Yén ana manuk deruk méncok ing dhuwur omah, kang mancala Bathara Kala, kang duwé omah bakal nemu bebaya, pakéwuh. Sidhekaha daging kebo lan arta. |
13.
| Yén manuk rangkok méncok ing duwur omah utawa tanduran, kang mancala Bathara Bayu. Kang duwé omah arep diguruni wong akéh. Sidhekaha daging mentah sakarepé, jarik putih (lawon) lan arta, yén ora sidhekahi bakal kasusahan lan kepatén. |
V. | Ngalamaté manuk kedharsih. |
01.
| Yén ana manuk kedharsih (prilgantil) muni méncok ana ing kakayon (wit-witan) ing sakjroning prakarangan, wong kang diéncoki witwitané ing saomah kono arep ana kang nandhang lara. Déné yén manuk kedharsih mau muni ana ing witwitan sajabaning prakarangan, saumpamané méncok ana ing witwitan kang tumancep ana ing prakarangan suwung utawa méncok ana ing witwitan kang tumancep ing kuburan utawa ing pinggir dalan, ing désa sakiwa tengéné kana arep akéh lelara. Kang iku énggal tulaken, mangkené uniné : “Latud rikuhul absaru yud-rikuhul absara, wahuwa latiful kabir”. Saben-saben krungu uniné manuk kedharsih sanajan krungu saka kadohan, iya énggal-énggal tulaken, srana maca donga mau. |
VI. | Ngalamaté asu mbaung utawa jegog |
01.
| Yén ana asu mbaung ing wayah antarané jam-7 tumekané jam-8 awan, kang duwé bakal munggah drajaté Déné yén ing wayah antarané jam-7 tumekané jam-8 bengi, ana jin, setan njaluk pangan, énggal kukutuga. |
02.
| Yén ana asu mbaung ing wayah antarané jam-9 tumekané jam-10 awan, kang duwé bakal kasusahan arta. Déné yén ing wayah antarané jam-9 tumekané jam-10 bengi, ana samarabumi njaluk pangan, énggal kukutuga. |
03.
| Yén ana asu mbaung ing wayah antarané jam-11 tumekané jam-12 awan, kang duwé bakal oleh pawartha. Déné yén ing wayah antarané jam-11 tumekané jam-12 bengi, kang duwé yén lulungan bakal papadu dining wong. |
04.
| Yén manu ana asu mbaung ing wayah antarané jam-1 tumekané jam-2 awan, kang duwé bakal ditinggal bojoné. Déné yén ing wayah antarané jam-1 tumekané jam-2 bengi, Désané kang duningi bakal kasusahan. |
05.
| Yén ana asu mbaung ing wayah antarané jam-3 tumekané jam-4 awan, ana samarabumi njaluk pangan, énggal kukutuga. Déné yén ing wayah antarané jam-3 tumekané jam-4 bengi, samarabumi nyuwunaké tambahing rijeki lan pemetuné désa ing kono. |
06.
| Yén ana asu mbaung ing wayah antarané jam-5 tumekané jam-6 awan (sore), kang duwé bakal mundak rijekiné. Déné yén ing wayah antarané jam-5 tumekané jam-6 bengi (ésuk), kang duwé bakal oléh kabegjan utawa kauntungan. |
VII. | Ngalamaté tawon. |
01.
| Yén katekan tawon banjur manggon ana ing pager, tanduran utawa ana ing omah, kang mancala Bathara Kuwéra, kang duwé omah arep kathekan bandha. Sidhekaha gula jawa, jarik sakebar lan arta. |
02.
| Yén tawon ndhas manggon ana ing omah, pawon lan liyané, kang mancala Bathara Gana, kang duwv omah arep duguroni wong akéh, Sidhekaha daging mentah sakarepé, jarik putih (lawon) lan arta. |
VIII. | Ngalamaté omah rayab. |
01.
| Yén rayap gawé omah ana ing senthong, paturon, kang duwé omah bakal kepénak uripe, sugih rijekiné lan kajé keringan. |
02.
| Yén rayap gawé omah ana ing kuburan, anak putuné wong kang kuburané ana omahé rayap mau, padha kapénak uripé lan padha duwé pangkat. |
IX. | Ngalamaté jamur thukul. |
01.
| Yén ana jamur thukul ana ing senthong utawa ing pawon, kang duwé omah bakal oléh kanugrahan, sarta pinilala wong agung. Sidhekaha sakarepé lan arta, yén ora sidhekahi bakal di dohi réwang (sanak saduluré). |
X. | Ngalamaté thuthukulan tuwuh ing njero omah |
01.
| Yén ana suket thukul ing sajroning omah, kang duwé omah arep pegatan lan rabiné, utawa ijih suwé anggoné oléh jodho. |
02.
| Yén wiji janganan thukul ana ing sajroning omah, kang duwé omah arep oléh arta, nangis gelis ilang manéh. |
03.
| Yén wiji wohwohan thukul ana ing sajroning omah, kang duwé omah arep oléh bebathén. |
XI. | Ngalamaté kala mangga (kemangga). |
01.
| Yén meruhi tawa diparani kalamangga kang sikilé isih jangkep 8, bakal oléh arta |
XII. | Ngalamaté kupu putih. |
01.
| Yén katekan kupu putih cilik banget, lumrahé tekané ing wayah bengi, iku ngalamaté becik, arep oléh seneng ati utawa rijeki. |
XII | Ngalamaté tikus clurut. |
01.
| Yén omah dienggoni tikus clurut, iku pratandha becik, ngalamaté sugih rijekiné. |
XIII. | Ngalamaté kinjeng tangis. |
01.
| Yén ana katekan kinjeng tangis, pratandha ngalamaté ala utawa bakal nemu kasusahan. |
XIV. | Ngalamaté ketiban cecak. |
01.
| Sing sapa katiban cecak sirahé, wong mau bakal srina kamulyané, utawa kabungahané 8 prakara. Utawa arep kawirangan gedhé, marga wadoné kena godha laku sédhéng. |
XV. | Ngalamaté katemuné pengantén. |
01.
| Yén sajroning pasamuan katemuning penganten, panggonané panganten lanang wadon ana kang runtuh utawa rerengganging omah kang cumanthél ing tembok, utawa gedhég ana kang tiba, utawa ana barang pecah kang pecahé mau kalebu aéng, utawa diyané mati, utawa ana lalakon kahanan kang anéh, iku dadi ngaamat penganén mau bakal nemu sambékala kang andadvaké pepisahan (pegat). |
NB :
Ingat jangan pernah penuh dengan segala sesuatu yang belum jelas kepastiannya. Jika Anda mengalami/menemukan pertanda yang sama dalam kutipan diatas, belum tentu akan menemukan kejadian yang sama seperti apa yang tertulis sebagaimana artinya di atas.
Kejadian bisa iya bisa tidak yang akan terjadi dan dalam tempo waktu yang tidak bisa di pastikan lama dekat.
Terima kasih banyak buat yang sudah meluangkan waktu untuk membaca artikel di atas.